Menyang kontèn

Iran Aseman Airlines Pamaburan 3704

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 19 Fèbruari 2018 00.17 déning Meursault2004 (parembugan | pasumbang) (#1000wikidays rintisan saka en:)
(bé) ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan (bé) | Révisi sabanjuré → (bé)
EP-ATS, montor mabur sing saiki tiba, difoto taun 2006

Iran Aseman Airlines Pamaburan 3704 (EP3704/IRC3704) iku sawijining pamaburan kajadwal montor mabur domèstik Iran saka Teheran menyang Yasuj sing dioperasèkaké déning Iran Aseman Airlines. Ing tanggal 18 Fèbruari 2018, montor mabur sing ngladèni pamaburan iki, sawijining ATR 72-200, tiba ing Gunung Dena ing Pagunungan Zagros cedhak Semirom, Provinsi Isfahan. Kabèh 59 panumpangé lan 6 anggota awak montor mabur dianggep padha téwas.